Jumat, 01 Juli 2016

Iwan Fals - Bung Hatta

Tekun, Teken, Tekan

      Jaren wong wis tua ya paling bisane mung ndongakna maring sak pada padane kabeh ben pada sehat wal afiat kabeh, kiye nggo sing pada esih urip
     Nek ora isa ketemu utawa ora pernah ketemu maning ya pirang mbara pirang mbara ndongakna sing wis pada mati mbok, ya mbuh kaya ngapa rupane ramane dhewek lah. Mumpung wulan kiye esih wulan Ramadhan 1437 H gari pirang dina maning kiye koh, syawalan.
        Mumpung esih urip ya bisane mung ndonga ya didongakna, wong mbiyen kawit bayi kloer ora ngerti wujude ramane, kaya ngapa koh, aja ngasi kebangeten banget marang wong tua ndongakna be ara gelem, ya mbuh apa mbiyen ramane dhewek apik apa ora, rajin ngibadah apa ora, gelem ngambah latar mesjid apa ora, sembahyang apa ora, dupe ora pernah nemuni ya aja ngasik nang dunya ora gelem ndongakna kuwe ya ora bener temen koh.
     Aja ngasik kuwalat maring wong tua, apa maning nek wis nduwe bojo ya wong tuane dadi nambah maning, rama biyunge bojone mbok ya wong tuane dhewek, aja ngasik anake di jaluk wong tuane di terlantarna ya kiye ora bener maning koh.
      Jajal dadi akeh kewajibane dhewek nek wis duwe bojo, yah arep kaya ngapa rama biyunge bojone dhewek ya tetep pada perlakuane maring rama biyunge dhewek mbok, dupeh rama biyunge ora teyeng ngaji ora sembahyang apa ya dijorna bae ora di dongakna, dijorna bae ora diemutna ya malah salah kuwe mbok.
       Sing durung ngerti ngibadah ya diajarna, sing wis paham ngibadah ya malah enak mbok, jan aja pelit nemen koh, apa ya sorga ngo dhewek tok apa? lah engko nek syurga nggo dhewek thok ya malah sepi nang kana dhewekan, mulane kuwe rama biyunge dhewek ya kudu diajak maring suarga mbok, ben nang kana rame ketemu maning, mung carane bedha bedha anatare karo sing ngerti ngibadah karo sing dhurung ngerti ngibadah, antarane sing wis sering ngambah latar mesjid karo sing ora pernah ngambah latar mesjid cara guli ngajak ya beda, ana rumuse ana pitudhuhi kanjeng Nabi Muhammad.
        Sing paling baku, aja ngasik enyong kabeh ngerti anjurane Kanjeng Nabi malah ora di praktekna, malah pelit praktekna, malah males praktekna, ya mubadir ilmune dhewek lah.
        Kiye wis jam pira kiye? apa wis saur apa ya? lah esih jam 1:20 tanggal 1 Juli 2016 bertepatan karo tanggal 26 Ramadhan 1437 H, ya ngonoh sing pada saur ya saur sit, sedurunge saur yuh lah pada donga dinonga maring sing esih pada urip, aja kelalen mumpung esih Ramadhan dongakna sing wis pada nang alam kubur, ben di jembarna kuburane, ben di ngapura dosa dosane, ben turune angler nang alam kubur, ya ayuh di dongakna, masak ora tekan ya tekan lah. Amin.
         Nah kuwe, bab tekun, teken tekan, apa ya enyong wis nulis nang kene apa ya? kaya wong wis pernah tapi mandan kelalen koh, maklum lah wis tua,ya njaluk ngapura.
         Jan tanda tandane wong wis tua kuwe, nek crite diulang ulang terus, wis crita di critakna maning ngasik ping pitulikurr critane kuwe kuwe bae, moga moga bae sing maca ora bosen, apa mboseni kiye koh. 
         Jaman mbiyen pas sekolah SD taun 1977 ngasik taun pira ya 1983 ketone loh, enyong ya mbayangna jan nek taun rongewu kuwe kaya ngapa yah? apa ya esih kayak enyong mbiyen sekolah nyeker ya? Klambine abang putih celana pendekan, klambi putihe ngasik warna coklat koh, lah wong nduwene mung siji thil koh.  he he he
          Sekolahe nang SD Impres XII Gobog ( siki ketone wis genti SDN Pira ya jan..), lah sing jeneng SD Impres (Intrusksi Presiden apa ya ), ya sekolahe apa anane, kelase nganggo dabag sing digawe sekang pring di belah, ya beda nemen karo jaman siki ya? jaman siki ana SD IT jaman mbiyen ya ora kepikir arep ana SD IT, ana ne ya SD I(mpres)....
        Tapi ya kuwe, nek Tekun, Teken ya mesti Tekan, mbuh kapan tekane tapi rumuse tekun ndisit, terus teken ( maksude teken kuwe serius ), aja ngasik pengin tekan kesusu, gemrungsung polahe, semrawut ora ngenah ya malah ora ngasik tekan. 
        Sing jenenge tekun kuwe penafsirane macem macem, tekun kuwe meh mirip karo sabar, sabar dadi wong ora duwe, sabar dadi wong kere, sabar dadi wong cilik, maksude tetep tekun aja ngasik minder dupe rika wong kere, wong ora dhuwe, apa maning mung jongos ,soale ana sing arep dituju ya kuwe kudu ngewula priyatin, lah wong mbiyen arep mangkat sekolah be alkhamdulillah ana sega ya lawuhe apa anane, golet lenga jlantah ( apa jal kiye, lenga sing bar nggo ngoreng iwak) golet lombok siji apa loro terus golet bawang putih wis diuleg lah, ya nggo sarapan ngasik seprena ya sehat sehat alkhamdulilah. Malah siki jerene para ahli mangan bawang putih nggo nambah stamina koh, nah ket mbiyen malah nyong ya malah sering mangan jlantah campur bawang putih lombok diuleg kiye jenenge SAMBEL TRENJENG.
       Sing dimaksud tekun ya kuwe, udu lawuhe sing dipikirna, tapi sing penting wetenge wareg sarapan ben esuk, nek masalah lawuh kuwe udu prinsip, tapi kepriwe carane ben saben dinane isa sarapan, ya kuwe dadi kreatif mbok! Kreatif ya kudu dilatih, apa ya memang kahanan sing nglatih dhewek, megurua marang kahanan megurua marang jaman nah ketone kaya kiye mbok, akhire dadi tekun, masalah hasile ora usah dipikir ndisit, soale masalah hasile kaya ngapa udu urasane menungsa, urusane menungsa mung kon nyambut gawe, usaha, kanti bener, nah hasile kuwe kuasane Gusti Alloh.
        Nah nek wis tekun kudu dibarenge karu teken, ilustrasine kayak kiye, rika ngerti mbok teken kuwe apa? nek wong wis tua mlakune susah ben jejeg mlakune nganggo teken kan? artine teken kuwe nggo jejeg ajeg aja kegoda marang sing ora jelas, dadi teken aja ngasik goyah, ajak ngasik mencong marang tujuan, di seriusi terus singkirna watu watu cilik apa gede ben tekene jejeg ajeg ora miring, nah jelaskan rika mbok?
        Mangkane nek wis teken, insha Allah sithik maning tekan, tekan nggone, tekan tujuane, tekan kekarepane, tapi aja dhisite karepane Gusti Allah, ben tekan ya kuwe tekun guli nyembah, tekun gule gawean, tekun guli sinau, teken aja ngasik ke goda, teken serius guli usaha nganggo cara cara sing bener sing becik, sing bagus, aja ngasik cara carane malah nglanggar aturane Gusti Allah! kuwe malah ora tekan tekan. 
     Nah mulane kuwe, tekun, teken, tekan jan jane ya mung kepriwe carene dhewek, carane rika nglakukna aja ngasik bertentangan karo titahe Nabi Muhmammad SAW apa maning nglanggar aturane Gusti Allah, mangkane mumpung esih Ramadhan yuh pada donga ben enyong, rika, anake enyong aneke rika, ya bojone dhewek kabeh juga ben pada tekun kabeh, ben pada teken kabeh, ya enggko mesti Tekan, nah tekane kuwe kapan, Gusti Allah sing lewih kuwasa.


Allahu 'Alam
Jelang akhir Ramadhan 1437 H
1 Juli 2016